MARDIYAH
Oleh: Seful Mu’min
(Sebagai refleksi diri mencoba mengenal Mardiyah , Ceritera ada yang mungkin belum pernah ada)
Crita mbuh bener mbuh ora Si Mardiyah ,wis terkenal nang kana-kana seantero pantura. Kisahe dadi fenomenal apamaning yen ana kaitane karo sing arane duit,pasti matane mendelik ijo ngomongi Si Mardiyah.Ora kalah karo critera-crita rakyat sing ana nang jagad bumi,Crita Mardiyah wis ora lumrah kanggo masyarakat wong Tegal khususe,pasti wis paham.Mardiyah tetep Mardiyah , Sugih tetep Sugih ora ana padane pokoke.
Tokoh :
- Sunah : ( Pegaweane mbekumkum nang umah kaya wong-wong wadon umume umur 45 taun ,sing ngurusi anak karo keluargane,sifate madan rumil,ora nyukuri sing ana, ndueni sipat sabar secuil, cangkeme luwihan .Uripe di uber-uber uang .Rada mlarat tapi gemede ).Awake ora lemu ora gering,sedengan.raine ora tau paes,madan kasar kari ngomong .
- Wasto: ( anake Sunah , bocah lanang umure 26 taun ,luntang lantung pegaweane tengak tenguk saben dinane kaya bos pasar tapi ora nghasilna( ngagur ). Kapak ciplak ora mbojo-mbojo,sipate kaya bocah cilik,cepet sewot ).Bocahe rada ireng , ora keurus kari anggo pakean ora rapi.
- Tariyah : ( Tanggane Sunah sing umure sepadan karo Sunah ,kacek rong wulan , rangda di tinggal mati bojone sing dadi TKI nang Arab. Lumayan sugih tapi cangkeme rumil ,ganjen ,pada bae kaya Sunah ndue cangkem luwihan ,pegaweane ngomongi sing ora perlu diomong). madan ayu,gelange madan rembel ,kari anggo-anggo lumayan rapi.
- Sugeng : ( Tukang becak sing sering mangkal nang prapatan desa umure 52,sipate jor klowor . Ora tau adus .ceking ,kucel kaya cempe kurang pitamin, cengeesaan ,sok ngerti ).Wonge kucel, gering ,kari udud ngentor kaya knalpote motor.
- Sueb : ( Jakwir ceteme si Sugeng ,ceplas ceplos cangkeme umure luwih enom sing Sugeng 10 taun,raine gagahe naudubilah mindalik kaya wong sing paling gagah sa RT.Wis due bojo tapi biyasa pegaweane ngodani bjo kro wong wadon. Akeh utange). Madan rapi.
- Suni : ( Wong sing dagang nang pasar,ora patia gede usahane. Umure 48 taun,ora nyukuri urip. Senenge ngeluh.,pasrah).
- Darmad : ( Tukang angon wedus ,umure 34 taun,angon weduse tanggane sing kari naganak anake dibagi , ya bahasane kuwe maro .Ora nyukuri urip ,senenge ngeluh).
- Warjo : ( Kuli macul sawahe urong, nggarap sawah. Umure 40 taun ).
- Rasto : ( Aki-aki mambu lemah umure 79 taun,ndueni rami memelas ,nggal dina dinise pindah –pindah ,kadang dines nang pasar,kadang dines nang ndalan – ndalan ( wong njaluk-njaluk ).
- Jetun : ( Rentenir tengik ,umure 37 taun ,sipate sombong, njelehi, dandane menor).Perawakane rada lemu .
- Kusni : ( Centenge Jetun umure pada karo Jetun , sipate tengil, kaya awake sing gering,paesane menor ,lambene kaya lambene bayi ).
- Tuku 1 : ( wong tuku ,crewet,ibu-ibu)
- Tuku 2 : ( wong tuku , sopan ).
Adegan 1:
Lokasine : Nang umahe Sunah ( umah gribik lumayan apik ).Nang emper umah , kamar Wasto.Waktune : Esuk-esuk sekirtar jam pitu,anget-angete srengee .
1.Sunah : Wasto…..wasto……wasto …..( ngundang alon-alon sue-sue banter suarane,karo lagi
napeni beras nang emper umah ).
EHhh,,,,bocah ka yah wis awan ora tanggi-tangi,,,nglambruk nang kasur bae,
Tangi,,cepetan….. kari ora tangi tak guyur keh ….ora ngerti nggoleti pegawean ,koen wis
kalpak owh,,,wis metu jembute,,,,ora isin,,,,
2. Wasto : Apa sih ma…..ora ngerti ana wong lagi ngeliyep,,,,lagi bengi during turu ma,,,kas
nonton dangdutan nang Rt loro.Kiye matane esih pengin ngliyep….
3. Sunah : EHHh…..ehhhh….bocah….wis gede laka nalare ,,,,ora isin karo tanggane luntang lantung
,ngganggur trus ,,,tanggi…tanggi ,,,,,tak guyur banyukeh kari ora tanggi,,,,,( njukut banyu
sa ember mlebu kamare Wasto trus si Wasto diguyur ).
4. Wasto :( tanggi sing amben ,,,kaget..mencolot ).Duh,,,kenang apa sih ma,,,,,,
5.Sunah : Koen tirigan yah karo wong tua,sepisan pindo diomongi ora ngerongokna ,adus mana
luruh kerjaan , macul ke,,,,apa apa ,,,enyong sumbeg werun raine koen,,,
6.Wasto : Macul…macul,,,,,kayong due sawah bae macul,,,,,ora due sawah ka macul,,,,
7.Sunah : wis mana luruh gawean, aja kaya bapane koen kae ,jere pan merantau nang
Kalimantan sampe saiki laka kabare mbuh nang ndi, esih urip mbuh mati,,, kerja sing
kenteng ben olih duit sing akeh,,,
8. Wasto : Duit,,,Duit,,,,Duite Mardiyah…
ya,,,,ya,,,,pan adus ndisit ma,,,,,,( metu sing kamar pan adus)..
Adegan 2 :
Lokasi :Nang arep umahe Sunah ngalnjutna napeni beras, ( Tariyah marek nang umahe Sunah )
9.Sunah : (lagi napeni beras ,si Tariyah ngampiri )
10. Tariayah : Yu,,,,yu…Sunah ana apa si,,,,,esuk esuk wis ribut ….
11. Sunah : Dudu urusane rika yu,,,,,pa karepe enyong yah,,,pan ribut,,,,pan gelut yan pan belih
,,,won gang umahe nyong dewek ka,,,,rika ta gari meneng ,,,,,ora sah melu-melu,,,,
12. Tariyah : Dih,,,,wong kah yah,,,ditakono bener-bener malah ngromed,,,,dasar.Mulane due anak
kue dituturi sing bener,,,, kari anake nyongta wis tak pites,,,,
13.Sunah : Wis…wis….manakeh,,, ngurusi urusane dewek,,,,aja kaderan sugih rika pengen ngerti
urusane wong liya,,,,enyong ya paham yu,,,,sampeyan men eke,,,pan pamer gelang owh
ya,,,,,wis mana,,,,,enyong ora gimir,,,,
14.Tariyah :eh,,,, yah….ya wis,,,,,,toli sap sing peduli,,,,suka ngurusi urusane dewek,,,,,
15. Sunah : Ya wis mana owh,,,,
( Tariayah lunga sing empere Sunah ,Sunah Mlebu nang umahe .Teka Si Wasto Metu
sing Umah pan lunga luruh gawean )
16. Wasto : Ma,,,,enyong pan luruh gawean,,,,njaluk duite owh ma nggo sangu,,,,
17. Sunah : duit…duit,,,,,duite Mardiyah,,,,
Adegan 3 :
Lokasi : Pangkalan Becak .Waktune : awan jam 11 an
( Lagi pada nyante nang becak , lagi pada kanda masalah Si Tariyah , karo ngiras –irus masalah utang nang Si Jetun sing sabaen dina terus manjat bunganne ).
18. Sugeng : Eb,,,,,eb,,,,,,nt ana udud blih eb,,,,nyong njaluk mbarah,,,,
19. Sueb : Udud ,,,,, udud nt ngerti dewek owh ya,,,,awik esuk during olih penumpan,,,,, lagi
melarat jon ,,,
20. Sugeng : Ya si ……awit mau sepi,,,,,terus Yu jetun ngejar ngejar terus ,,,,utange aku nang yu jetun
akeh eb,,,,,wis kuwe bojone nyong njaluk ditokokna kutang len,,,,jere kutange wis pada
kendor kabeh,,,njaluk tuku sing anyar,,,,,
21.Sueb : he,,,,,luruhnya pastik kresek be,,,,,ja atik kutang,,,,,
22.Sugeng : Raimu….emange gandul apa atike kresek,,,,,
23.Sueb : he,,,,,( gembuyu,,,,,,)
24Sugeng : Eb…..eb…..kae ana Yu Jetun pan mene,,,,,( nuding nang arah Yu Jetun )..
Mbokan takon enyong,,,,ngko nt ngomong kari aku lagi lungga ya,,,,soale Yu Jetun pasti
pan nagih utang ….tulung ya eb,,,,,
25 Sueb : Ya,,,,,,beres-beres….nt merad oh….umpetan nang kana…..
( Sugeng umpetan nang mburine witwitan ,trus Yu jetun ngampiri nang Sueb )
26. Jetun : Eb,,,,nt weruh si Sugeng ora,,,,,,
27. Sueb : dih,,,,ora weruh yu,,,,awit mau ora weruh..,miki nang kene tapimiki merad mbuh pan
ning ndi enyong ora weruh,,,,,emang pan apa si yu Jetun ?
28. Jetun : Si Sugeng utang nang aku wis 6 wulan durung nyaur-nyaur,,,,cicilane ya mandeg,,,,,
29. Sueb : Owh,,,,,mbokan ana apa,,,,,,emang utange sugeng pira si yu,,,,
30. Jetun : utange sugeng 200 ewu ,tapi bungane sa wulane 100 ewu dadi totale 800 ewu….
31. Sueb : Dih,,,dih,,,,,daning akeh temen yu bungane,,,,,
32. Jetun : ya,,iya,,,owh,,,,emange ,,,,bank apa,,,,kari pengin laka bungane ya,,,,nyilih nang
Mardiyah ,,,wis lah enyong pan lunga disit mbokan nt ketemu Sugeng domongna kapan
pan nyaur utange,,,
33.Sueb : Ya…wis yui Jetun,ngko tak omongna si Sugeng,,,,
34. Jetun : Ya wis enyong pan muter disit pan nagih,,,,,
( Yu Jetun lunga,,,,si Sugeng marek nang sueb )
35. Sugeng : Eb,,,,pibe Yu Jetun ngomong apa miki ?
36. Sueb : Lah kue jon,,,nt gon nyaur utange,jere total kabehane 800 ewu.
37.Sugeng : Nyong nyesel eb,,nyilih duit ngan yu Jetun ,nyilihe ta sapira ora tapi bungane kue
seabreg-abreg ,wis kebutuhane regane pada mundak maning,nyong bingung eb.
38. Sueb : Emange nt lagi kae nyilih duit nang yu jetun kanggo apa sih,,?
39. Sugeng : Ya biasa ,nggo daftar ulang sekolahe anake enyong eb,waktu kue enyong ora due duit
,bojone enyong simpenane wis digadekna.Ya enyong terpaksa utang nang Yu Jetun
,Meski nyong ngerti si Jetun kue rentenir,ya panpiben maning .
40.Sueb : Yah sih,pan piben maning .Mbesuk maning mbokan perlu duit aja nyilih nang kunyuk Jetun geng,
41. Sugeng : Ya eb,,oh iya omong –omong enyong pan nyilih duit nang nt ana ora ?
42. Sueb : Duit sing ndi !!! ….nyong lagi laka duit…duite Mardiyah.
43.Sugeng : Raimu..Mardiyah digawa-gawa,tapi iya ding jerene ta Mardiyah kue wonge sugih
memen eb,,pokoke mbang kana-kanane sugih .Tapi ya kue wonge kaya apa enyong ora
paham.
44. Sueb : He,,,,(nyengir jaran ),kari enyong ketemu ta,pan nyillih duit nang Mardiyah geng,
,( guyonan karo sugeng & sugeng karo Sueb lunga luruh penumpang)
45. Sugeng : Eb,dari pada dewek nang kene njogrog kaya ketek ditulup mending muter yuh luruh
penumpang.
46. Sueb : yah,,eb ,nt ngalor ya,,enyong ngidul ( merad luruh penumpang ).
Adegan 4 :
Lokasine nang sawah . Waktune awan-awan
( Ana Si Warjo lagi macul karo mbabadi suket nang sawahe wong liya terus ketemu karo Darmad sing lagi angon wedus )
47. Darmad : ( Ngampiri Warjo sing lagi macul nang sawah )
Jo,,,,jo,,,nt kayong kenteng nemen sih,,,
48. Warjo : Oh,,nt mad,iya keh mad lagi kejar setoran .
49. Darmad : Kari bengi macul bojone,kari awan majul sawah,,,hebat yah,,,( nyengir jaran ).
50. Warjo : He,,,,( Nyengir jaran ).
51. Darmad : Ngasrap sawahe sapa nt jo?
52.Warjo : Kiye nggarap sawahe kaji Dikin ,ya lumayan kena nggo tuku uyah.Dari pada ngangur ya
belih,,,,
53. Darmad : Ya berarti anggur merah oh jo…!!
54.Warjo : Apa kuwe?
55. Darmad : Bapane nganggur mamane marah… ( pada gembuyu,,,,kaya jaran ).
56. Warjo : Edan ah nt ,saiki wis ana kemajuan ,saiki dadi juragan wedus.
57.Darmad : Juragan sing ndi ?
58. Warjo : :Lah kuwe sih,,,weduse pirang –pirang ,lemu-lemu maning.
59.Darmad : Kiye ta weduse tanggane enyong jo ,nitip nang enyong ,ya biasa maro ,dari pada
nggangur.
60. Warjo : Saiki ta kudu pinter-pinter awake dewek,apa-apa larang ,kebutuhan ya pada larang.
61. Darmad : Muga – muga ta ketemu karo Mardiyah
62. Warjo : Terus kari ketemu Mardiyah nt pan apa mad?
63. Darmad : Ya,,,pan njaluk duit oh nyuk…
64. Warjo : Duite Mardiyah,,,mbuh kayong apa nyongta wonge,wis mati mbuh esih urip.
65. Darmad : Mardiyah,,,,Mardiyah….
Adegan 5 :
Lokasine nang umahe Sunah
( Jetun teka ngampiri maring umahe Sunah karo centenge )
66. Jetun : Nah,,,nah,,,,Sunah.
67. Sunah : Ana apa Yu Jetun,,???
68. Jetun : Kiye setor mbarah,,,utange nt kapan pan dilunasi? Wis rong minggu durung setor.
69. Sunah : Drung ana duit Yu,,ngko wulan ngarep ya!!!
70. Jetun : Wulan ngarep…!!!,kiye wis sue enyong pan nggo muter maning,akeh wong sing pan
utang nang enyong.
71. Sunah : Lagi laka duit sih piben uy!!!
72. Jetun : Lah ora kerja,pan olih duit sing endi..sing Mardiyah,,,!!!!
73. Sunah : Ya rika ta enak,teka kur nagih – nagih tok.Nt duite omber sih yu,,,!!Olih sing endi sih yu
duite,,? Sing Mardiyah yah!!.
74. Jetun : Mardiyah,,Mardiyah,,waduke,,,kapan pan setor?
75. Sunah : Tanggal 8 ya yu,,,!!!tapi wulan ngarep.Soale anak lanange enyong ya ora kerja-
kerja,lagi luruh gawean miki yu,,
76. Jetun : Ya kuwe janji ,tanggal 8 ya,,,catet…( ngomong madep nang scentenge si Kusni ).Trus
kiye pan nyilih ora mumpung ana duit?
77. Sunah : Ora lah yu ,mandeg ndisit.Utang terus nyaure angel!
78.Jetun : Ya ding sing utang 100 ewu be sue,apamaning pan ditambah,,yawis lah enyong pan
muter disit ,pan nagih.( Jetun merad karo centenge).
79. Sunah : Duh Gusti-Gusti,Urip kayong angel temen ,utang tok isine.Kapan yah enyong bisa sugih
kaya Mardiyah.( Nglamun trus mlebu nang umah).
Adegan 6 :
Lokasine nang Pasar nang lapake Yu Suni.( dagangane sembako tapi ora patia gede lapake).
80.Suni : Yu,,,yu,,,,,berase yu,,,,menelen mampir,,,sembakone,,,,,( nawar-nawatna nang uwong-
uwong).Duh dagangane sepi awit mau,pan sugih pibe yah,,,,anake pengin mbojo
maning,duite kudu kaeh ya.(Teka wong pan tuku beras ).
81. Tuku 1 : Berase yu,,,sakilo pira ?Singa apik owh,,,
82. Suni : Ya mene yuh,,,kite dileng berase gede-gede,ora apek maning .Sakilone 3 ewu yu…
( Teka wong pan tuku lenga klentik ).
83. Tuku 2 : Yu lenga klentik ana?
84. Suni : Ana,pan tuku pirang kilo?
85. tuku 1 : Kiye enyong berase 3 kilobae yu…
86. Tuku 2 : Enyong lengane sakilo bae,pira?
87. Suni : Berase 9 ewu,,,kue lengane sakilo 45.
( Karo natanini,karo nglayani , teka wong njaluk )
88. Rasto : Yu,,,mbarah,,,njaluk….nyuwun,,,sedekahe,,,,( njaluk nang suni kro wong sing Tuku )
89. Suni : kiye ki,,,,,( nein duit ).
90. Tuku I & 2 : Kiye ki,,,,( nein duit ).
91. Rasto : Trimakasih,,,semoga dinein berkah ya nokkk…
92. Suni : Dongakna enyong ya,ben sugih ya ki kaya Mardiyah,,,
93. Rasto : Duniane Mardiyah…..( lunga ).
Adegan 7:
Lokasine :umahe sunah
94. Sunah : Enyong mlarat trus yah,pengin sugih kaya Mardiyah.
Mardiyah njaluk duite,,,,,,,( germboran ).
Lokasine : Nang Dalan
95. Wasto : Kapn olih gawean….!!! Kari ana mardiyah ta tak bojo,,,,
Mardiyah nang endi,,,,,njaluk duite…..( gemboran ).
Lokasine : Nang Dalan
96. Sugeng : ( Lagi ngenjot becak )…Pengin Due umah sing gede,,sawahe amba,,,,
Mardiyah,,,,,,njaluk duite,,,( gemboran).
Lokasine : Nang pangkalan lagi ngetem
97.Sueb : ( lagi turu nang becak ).Mardiyah,,,,Njaluk duite,,,,,Mardiyah Njaluk duite….
Lokasine: Nang sawah
98. Warjo : ( lagi macul )Mardiyah,,,Mardiyah,,,,mbokan nemu harta karune Mardiyah,,,,,
Lokasi : Nang dalan pinggir sawah
99. Sueb : ( ngiring wedus )…Mardiyah,,,,nt weruh mardiyah …..Mardiyah…..( Nromong karo
wedus).
Lokasine : Nang pasar
100. Suni : (ngepret-ngepretna duit nang dagangan )Muga sugih kay Mardiyah,,,,Mardiyah…
101. Jetun : ( lagi nyante nang umah lagi paesan).Nyong kudu luwih sugih,,,,kaya
mardiyah,,,,Mardiyah….
102. Rasto : Duniane Mardiyah.
(kabeh wong nyebut namane Mardiyah,kedanan Mardiyah ).
Rampung.
Tegal , 01 Juli 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar